OPO SEE.........?
KREATIFITAS
Dulur wong Jepang iku lho dadi rasan-rasane wong sak jagad !
Percaya nggak sampeyan......? nDeloken tah sepeda motor,mo -
bil. barang-barang electronic kabeh gaweane wong Jepang....!
Edan ngak......? Prahoto, bis,alat-alat berat sing modern umume-
produke wong Jepang.
Padahal peno nek eling tahun 1945 negara Jepang iku ajur di -
bom atom barek Amerika......!.Jepang ajur.....jur wis talah ludes
remek...mek..! Opo see sak iki kok gendeng bin edan isok ngga-
gahi sembarangane. Sopo wonge sing gak gumun, kabeh uwong-
pada gumun opoo see ...? kok isok ngono.......?
Kabeh pada nyelidiki hasile jare wong Jepang iku disiplin onok-
maneh sing ngomong wong Jepang mergo kendel sampek duwe-
pasukan berani mati (kamizake).
Ternyata kesimpulane para ahli mau wong Jepang iku podo ae -
karo wong liyane sing urip dek dunyo iki, yo wong Indonesia, -
wong Amerika utawa wong Eropa.
Karek yok opo usahane dewe-dewe isok dadi hebat.........!
Iki lho rahasiane nek pengin eruh......khususe kabeh anggota KIM
SIJI
LANCAR
Usahakno terus dikenparane lan dikopoae kondisi lan situasine peno-
kudu lancar mikir,maca ,nulis, ndelok/ngamati opoae sing diksekitarmu-
Ojok gampang nglamun,isien waktu barek maca nyatet masalah sing-
positif lan penting.Lha nek anggota KIM yo sing pinter golek bahan-
informasi sing penting terus cepet lancar nyampekno kanggo masyarakat
sing merlokno..Ibarate air terjun sing lancar isok gerakno listrik,isok-
ngaliri sawah,cekake anggota KIM sing semangat...bertenaga....ber -
manfaat..lancar terus sak umur-umur.
LORO
LUWES
Anggota KIM iku kudu luwes, nyatane masyarakat iku lak macem-
macem,embuh iku pendidikane, sugih mlarate, opo suku/rase.
Dadi yok opo caranelah, golek karo nyampekno informasi mau -
sing tepak, menarik, tur luwes.
Yo kiro-kiro koyok penari iku lho luwes,menarik sing nontok -
isok gak kedip blas....babar pisan.
TELU
MENARIK
Pokoke dek endi enggone, kudu isok tampil menarik,terus jok-
bosen-bosen bangun citra sing simpatik tur apik.Dadi sopoae -
seneng ketemu awak dewe pas golek opo nyampekno informasi.
Gatekno iku lho cewek ,deloken yok opo noto rambute,aliselah,
lambenelah,mupuri pipinelah perlune.....? eruhtoo !
PAPAT
SEMANGAT
Anggota KIM kudu semangat............!..........luar biasa..........!
Indonesia gak bakal merdeka tanpa semangate para pejuang-
mangkane sakpolahmu kudu didasari semangat, pikiran sing-
apikae(positive thinking), wujudno harapan baru sing luwih-
apik...sukses dan berhasilojok loyo sakdurunge maju perang -
ibarate.
LIMA
BERANI
Berani iku seje karo nekad alias bonek,soale kendel iku wis-
didasari etungan.sing nyoto masuk akal gak ngawur.
Anggota KIM kudu isok ngetung untung lan rugine informasi-
sing arep di sampekno
Iki lho rungokno pesene mboke manuk doro kanggo piyeke
" Ayok kepakno swiwimu sing kuat mabur....! maburo ojok -
wedi kibasane angin mabur terus pantang mundur "
Wassalam
.jpg)
.jpg)
.jpg)
.jpg)
.jpg)